Anakku lir bagaskara Gumebyare gawe tentreming ati Pawelinge rama ibu, laku becik tindakna Aja lali budi pakerti kang luhur Dadi satriyaning bangsa Tan ngendhak gunaning janmi Mbiyen omahku gedheg Trocoh yen udan bledheg Bapak kerja yen mung ana proyek Mbiyen durung keramikan Arep turu adhem kanginan Penting saben dina isa mangan Saiki aku wis gedhe Isa golek dhuwit dhewe Sanajan mbiyen mung isa nyusahke pak’e buk’e Ngapurane, saiki aku wis kerja Senajan uripku rekasa Ikhlas bekti kanggo kaluwarga Aku iki anak lanang Kerjaku mung turut dalan Muga isa mulyaake drajate kaluwarga Pak’e buk’e rekasane, ngrawat aku nganti gedhe Cen kathah luputku, kula nyuwun pangestu Kathah klenta-klentu kula nyuwun donga restu Mbiyen pedhot sekolah Marga kahanane susah Weling bapak, dadi wong sing nggenah Mbiyen durung keramikan Arep turu adhem kanginan Penting saben dina isa mangan Saiki aku wis gedhe Isa golek dhuwit dhewe Sanajan mbiyen mung isa nyusahke pak’e buk’e Ngapurane, saiki aku wis kerja Senajan uripku rekasa Ikhlas bekti kanggo kaluwarga Aku iki anak lanang Kerjaku mung turut dalan Muga isa mulyaake drajate kaluwarga Pak’e buk’e rekasane, ngrawat aku nganti gedhe Cen kathah luputku, kula nyuwun pangestu