Ndhèrèk Dewi Maria temtu 'geng kang manah. Mboten yen kuwatosa Ibu njangkung tansah. Kanjeng Ratu ing swarga amba sumarah samya. Sang Dèwi, Sang Dèwi, mangèstonana. (2x) Nadyan manah getera dipun godha setan. Nanging batos èngetnya wonten pitulungan. Wit sang Putri Maria mangsa tega anilar. Sang Dèwi, Sang Dèwi, mangèstonana. (2x) Menggah saking apesnya ngantos kèlu setan. Boten yèn ta ngantosa klantur babar pisan. Ugeripun nyenyuwun Ibu tansah titulung. Sang Dewi, Sang Dewi, mangestonana. (2x)