Tak sawang konco" paguyuban saiki guwayane tambah ketok sumringah.Opomeneh bareng kerep latihan njur diunggah putu wedok sing watake nyah-nyoh.Jan komplit pokoke. "Ra sumringah piye pakde wong saiki wis enek sing dijagakke." "O iyo,lali aku."
Ponorogo jan ra baen" tenan.Wiwit ono yutub nganti tumekaning saiki terus berpacu mengembangkan seni Jawa,utamane kerawitan.Saben kecamatan podo jor"an ngunggah konten.Hebate sing njuragani cah wedok nom"an.Ben dino ngetung follower,viewer,sekrip,komen lan masang PIN. "GO LIKE DO IT ,mbah".
Isaku nyengkuyung konco" paguyuban yo mung koyo ngene iki.Aku mung mituhu dawuhe Kanjeng Nabi : sak bagus" e urip nong ngalam ndonya,yo iku kang biso migunani lan gawe senenging liyan.Mulo ora ketang mung biso laik,sekrip lan komen yo tak kirimke.Mung welingku : yen mari dum"an kudu nyisihke kanggo anak putune.Rokok ora perlu kelut cah nom"an nganggo Marlboro.Cukup Surya wae wis apik.