Biyen omahku gedek
Trocoh yen udan bledek
Bapak kerjo yen mung ono proyek
*
Biyen durung kramikan
Arep turu adem kanginan
Penting saben dino iso mangan
Saiki aku wes gede
Iso golek duit dewe
Senajan biyen mung iso nyusahke
Pak e buk e ngapurane
Saiki aku wis kerjo
Senajan uripku rekoso
Ikhlas bekti kanggo keluargo
reff:
Aku iki anak lanang
Kerjo ku mung turut dalan
Mugo iso mulyakke drajate keluargo
Pak e bu e rekasane
Ngrawat aku kanti gede
Cen kathah luput ku
Kulo nyuwun pangestu
back to*
Cen kathah luput ku
Kulo nyuwun pangestu
#karaoketanpakendang #azkianada
19 сен 2024