Тёмный
No video :(

Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa Singkat : Sejarah Idul Fitri Dalam Islam dan Esensinya | GMS Magelang 

Gus Mufid Sam’ani
Подписаться 892
Просмотров 1,7 тыс.
50% 1

Wonten khutbah idul fitri bahasa Jawa singkat punika, Gus Mufid Sam'ani Magelang ngaturaken babagan sejarah idul fitri dalam Islam lan intinipun. Menika teks khutbah idul fitri bahasa Jawa singkat punika.
-----------------------------------------
Ma'asyiral muslimin wal muslimat jamaah salat idulfitri rahimakumullah
Rumiyin, kaum jahiliyyah wonten ing Persia kuno nggadhahi kalih dinten riyaya ingkang naminipun Nairuz lan Mihrajan utawi Marjaan. Ing kalih dinten riyaya kasebat, tiyang-tiyang tansah ginakaken kagem pesta, nari, lan mendem. Mila nalika dhawuh nindakaken siyam Ramadan mandhap ing taun 2 hijriyah, Kanjeng Nabi lajeng nggantos Nairuz lan Mihrajan utawi Marjaan kala-wau kaliyan dinten riyaya Idulfitri lan Iduladha. Tujuwanipun, supados umat Islam gadhah tradhisi ingkang langkung sae saha laras kaliyan ingkang dipun-syariataken dening Gusti Allah. Kados dawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW:
كَانَ لَكُمْ يَوْمَانِ تَلْعَبُونَ فِيهِمَا وَقَدْ أَبْدَلَكُمْ اللَّهُ بِهِمَا خَيْرًا مِنْهُمَا يَوْمَ الْفِطْرِ وَيَوْمَ الْأَضْحَى
Artosipun: “Sira kabeh (kaum jahiliyyah) duwe rong dina (Nairuz lan Mihrajan utawa Marjaan) sing biasane digunakake kanggo dolanan-pesta, sanyatane Gusti Allah wis ngganti dina sing luwih apik, yaiku Idulfitri lan Iduladha.” (HR Abu Dawud & an-Nasa’i)
اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ
Ma'asyiral muslimin wal muslimat jamaah salat idulfitri rahimakumullah
Sanadyan dinten riyaya Idulfitri ugi identik kaliyan ageman enggal, minangka simbol saking resikipun manah saha dados syiar Islam, ananging inti saking Idulfitri sanes wonten ing ageman enggal, opor ayam utawi toples-toples ingkang dipun-isi. Ananging, tambahipun ketaatan dhateng Gusti Allah lan mboten ngelampahi maksiat wonten salebetipun gesang sadinten-dinten.
Syeikh Abdul Hamid, setunggaling ulami nusantara asli Kudus - Jawa Tengah, wonten karyanipun ingkang kagungan irah-irahan Kanzun Najah was Surur ngendikakaken:
لَيْسَ الْعِيْدُ لِمَنْ لَبِسَ الْجَدِيْدَ، إِنَّمَا الْعِيْدُ لِمَنْ طَاعَاتُهُ تَزِيْدُ، وَكُلُّ يَوْمٍ لاَ يُعْصَى فِيْهِ فَهُوَ عِيْدٌ
Artosipun: “Sanes dipun wastani id tumrap tiyang ingkang ngagem (sandhangan) enggal, amargi saestunipun id punika kagem tiyang ingkang mituhu utawi tambah taatipun, lan saben dinten ingkang mboten ngelampahi maksiat. Menika ingkang dipun wastani id.” (Abdul Hamid al-Makki asy-Syafi’i, Kanzu an-Najah wa as-Surur [Damaskus: Dar al-Sanabil, 1430 H/2009 M], h. 263).
اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ
Ma'asyiral muslimin wal muslimat jamaah salat idulfitri rahimakumullah
: عَنْ أَنَسِ بْنِ مَالِكٍ قَالَ سَمِعْتُ رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَقُولُ مَنْ سَرَّهُ أَنْ يُبْسَطَ عَلَيْهِ رِزْقُهُ أَوْ يُنْسَأَ فِي أَثَرِهِ فَلْيَصِلْ رَحِمَهُ
Artosipun: “Saking sahabat Anas bin Malik RA, kula midhanget Kanjeng Nabi paring sabda, 'Sopo wonge kang seneng dijembarke rezekine lan diundur ajale, mila padha njaga hubungan apik marang wong liya.’” (HR Bukhari dan Muslim)
Kathah para ulami ingkang maknani “dipun-jembaraken rezekinipun” punika kaliyan dipuntambah kaberkahan rezekinipun, lan maknani “dipun-undur ajalipun” punika kaliyan dipuntambah kaberkahan umuripun. Amargi berkah inggih menika ziyadatul khair utawi tambahipun kesaenan, artosipun punapa-punapa ingkang kita tindakaken lan yakini menawi ngasilaken kesaenan, mila punika kelebet berkah. Ananging bilih ingkang dipunangsal malah prakawis ingkang awon, artosipun menika mboten maringaken berkah.
Salajengipun wonten ing silaturahmi dinten riyaya Idulfitri menika kita ugi dipunanjuraken kagem ngapunten-ngapuntenan. Amargi sifat dendam-ingkang salah satunggaling bentukipun inggih punika mboten purun paring pangapunten dhateng tiyang sanes-punika mboten sifatipun tiyang ingkang kagungan iman. Amargi Gusti Allah menika Maha Ngampuni, Maha Pangapura, lan gampangan maring hambanipun. Gusti Allah ugi nganggep tiyang-tiyang ingkang kagungan iman minangka tiyang ingkang nalika nesu, piyambakipun purun paring pangapura.
وَجَزٰۤؤُا سَيِّئَةٍ سَيِّئَةٌ مِّثْلُهَا ۚفَمَنْ عَفَا وَاَصْلَحَ فَاَجْرُهٗ عَلَى اللّٰهِ ۗاِنَّهٗ لَا يُحِبُّ الظّٰلِمِيْنَ
Artosipun: “Dene piwales tumrap kadurjanan iku minangka piwales kang sepadan, ananging sapa wonge sing ngapura lan nindakake laku apik (marang wong kang tumindak ala), iku ganjarane saka Gusti Allah. Satemene Gusti Allah ora seneng marang wong-wong kang padha dzalim.” QS. Asy-Syura (62): 40
Ingin membeli peci yang dipakai Gus Mufid Sam'ani? Temukan peci songkok AWING president original 100% tanpa kertas kopiah hitam polos dengan potongan 96%! Hanya Rp14.300 - Rp98.400. Dapatkan sekarang juga di Shopee!
shope.ee/2VIKU...

Опубликовано:

 

28 авг 2024

Поделиться:

Ссылка:

Скачать:

Готовим ссылку...

Добавить в:

Мой плейлист
Посмотреть позже
Комментарии    
Далее
Секрет фокусника! #shorts
00:15
Просмотров 44 млн
khutbah idul fitri 2020 bahasa jawa
10:53
Просмотров 12 тыс.