Judul Lagu : SEUMURE JAGUNG
Vokal : Dedy Pitak
Ciptaan : Kanjeng Ganyong
Musik : (DP)
Genre : Lagu Jawa Ngapak Penginyongan
Produksi : DP Studio Production
Lisensi : Th. 2020
Copyrights : ©dpstudioprod
LIRIK SYAIR LAGU
Mlaku - mlaku luruh angin
Ngugemi krentege ati
Nuruti kedepe mripat
Ngetutna sikil jumangkah
Napak tilase lelakon
Ngejumi sewu pitakon
Nyawang kemukus lintange
Di gerus - gerus atine
Reff //
Kemutan ndhodog korine
Lan nginang jambe suruhe
Urip anyar mangun brayan
Kaya mimi lan mintuna
Banjur dina ganti sasi
Benteyong saya ndrawasi
Bethet sewu alesane
Entong ludes memanise
** //
Kembang nendra arum ndalu
Lawase mung rolas minggu
Mothah pisah kathut bambung
Rebah seumure jagung
#DedyPitak #Penginyongan #SeumureJagung
1 авг 2020