Тёмный

Short Movie Roro Jonggrang 

Подписаться
Просмотров 22
% 0

Roro Jonggrang iku crita legenda saka pembangunan Candi Prambanan, Provinsi Yogyakarta. Crita iki nyritakake kisah cinta antarane Pangeran Bandung Bondowoso karo putri ayu Roro Jonggrang. Nanging, kisah cinta iki ora mlaku kanthi mulus amarga ana unsur keterpaksaan.
Pangeran Bandung Bondowoso sing jatuh cinta karo Roro Jonggrang terus nglamar supaya dadi garwane. Nanging, Roro Jonggrang ora trima amarga dheweke ora tresna lan uga ora gelem nikah karo wong sing wis matèni bapake, Prabu Baka. Amarga ora bisa nolak lamarané Pangeran langsung, Roro Jonggrang menehi syarat sing angel banget: nggawe sewu candi mung ing sajrone sewengi.
Pangeran Bandung Bondowoso sing nduwèni kesaktian lan tekad gedhe, nyanggupi tantangan iku. Dibantu lelembut lan kekuatan gaib, Pangeran mbangun candi siji-siji kanthi cepet. Nanging, Roro Jonggrang ora gelem kalah lan nindakake akal-akalan supaya Pangeran gagal ngrampungake tugasé. Dheweke nyuruh para prajurit lan wong-wong desa kanggo nggawe swasana kaya esuk, ngetokaké swara ayam kluruk lan madhangi langit nganggo geni.
Pangeran Bandung Bondowoso kroso dikhianati lan nesu banget amarga candi sing dibanguné ora bisa rampung. Mula, kanthi rasa kecewa lan amarah sing gedhe, dheweke nyumpahi Roro Jonggrang dadi arca. Amarga amarahé Pangeran Bandung Bondowoso, kisah cinta iku pudar lan dadi crita tragis sing nganti saiki dadi legenda ing Candi Prambanan.

Опубликовано:

 

28 сен 2024

Поделиться:

Ссылка:

Скачать:

Готовим ссылку...

Добавить в:

Мой плейлист
Посмотреть позже
Комментарии