Тёмный

PANEMBRAMA KINANTHI GONDOMASTUTI PELOG NEM 

Bambang Sulanjari
Подписаться 12 тыс.
Просмотров 2,3 тыс.
50% 1

Channel ini berisi tutorial seni suara Jawa mulai dari tembang macapat, tembang dolanan, sulukan wayang dan lain-lain. Tutorial disediakan bagi para pemula, baris demi baris agar pemahaman nada dan teknik vokalnya lebih jelas.
#tutorial #tembang #macapat #bowo #kinanthi
1. Ompak :
Saji siswa arane basa nawala
Nadyan namung nyalemong tanpa ukara
Ujung jari balung rondhoning kalapa
Kawengkuwa sayekti dadya usada
Kinanthi :
Atur panuwun satuhu
Konjuk Dwija Permadani
Ingkang datan mawas siswa
Kathah cubluk ing pamanggih
Sampun mbabar ngelmu nyata
Linambaran tresna asih
2. Ompak :
Jarwa mudha mudhane Sang Prabu Kresna
Maksih anom ngudi raharjaning praja
Teja tirta atmaja Nata Rahwana
Kekuwunge karya rujiting wardaya
Kinanthi :
Wus nem wulan laminipun
Para siswa ngudi ngelmi
Kawruh kapanatacaran
Sarta medhar sabda nenggih
Tan kraos wus paripurna
Pindha sagebyaring thathit
3. Ompak :
Sekar pisang pisang sesajining karya
Patut lamun linulutan ing sasama
Jarweng janma janma kang koncatan nyawa
Wong prawira mati alabuh nagara
Kinanthi :
Wus dumugi wancinipun
Winisuda kula sami
Nadyan tuhu dereng pana
Dereng limpat miwah wasis
Jejering panatacara
Medhar sabda mnapa malih
4. Ompak :
Witing klapa kalapa kang maksih mudha
Salugune wong mardi pikir raharja
Kawi dewa giwanging wulan purnama
Anjenthara limpad pasanging grahita
Kinanthi :
Jro pawiyatan lumaku
Kathah lepat dosa mami
Mring Dwija kang wicaksana
Kula nyuwun pangaksami
Sinartan pangastungkara
Rinoban berkahing Gusti
5. Ompak :
Janur gunung ukuran bunder pinola
Aja leren yen jangkane durung teka
Wohing aren rukmi jingga saupama
Ngelingana ya mung Gusti kang kuwasa
Kinanthi :
Mring sedaya para rawuh
Kakung sumawana putri
Mirunggan mring para dwija
Kula nyuwun jurung puji
Sasampunnya winisuda
Kuwawi hayu leladi

Опубликовано:

 

21 сен 2024

Поделиться:

Ссылка:

Скачать:

Готовим ссылку...

Добавить в:

Мой плейлист
Посмотреть позже
Комментарии : 11   
@kasidjoja473
@kasidjoja473 3 месяца назад
Bengkulu kangen lan ketagihan Panembrama. Rikala kula sekolah wonten SEKOLAH RAKYAT TAHUN AJARAN 1958 / 1959 kula tumut lomba grup panembrama minangka utusan saking S R NEGERI KASONGAN KAB.BANTUL. PANEMBRAMA TEMBANG KINANTHI INGKANG LIRIK IPUN MEKATEN: INGKANG SAMYA GU YUB RUKUN, TABERI KANTHI NASTITI, NGUDI KAWRUH LAN KAWIGNYAN, TEMBANG GENDHING LAN MENYANYI, APAMANEH OLAH RAGA, AJA NGANTI NGUCIWANI. OMPAK OMPAK: JENANG SELA WADER KALI SESUNDHERAN, NGAPURANTA YEN WONTEN LEPAT KAWULA, DIMEN KITA TANSAH SUKA LAN GUMBIRA, TANSAH SUKA LAN GUMBIRAAAA INGKANG SAMYA GUYUB RUKUN, TABERI ............... ............., ....... ........... MUGI MUGI PENDIDIKAN DASAR, PENDIDIKAN MENENGAH ING DIY, JATENG LAN ING JATIM TEMBANG MACAPAT TUWIN PANEMBRAMA TESIH DIPUN WUCALAKEN.
@sugiartosg1654
@sugiartosg1654 Год назад
Sudah lama ku harapkan panembromo.baru sekarang terwujud..matur nuwun sanget .sukur sairipun menyangkut hari kemerdekaan Indonesia..
@BambangSulanjari
@BambangSulanjari Год назад
Mugi wonten wekdal, kula damel
@sugiartosg1654
@sugiartosg1654 Год назад
Rumiyen th.60 ankulo Nate tumut panembromo.ning Bowo ipun .kados ngaten..Sapto catur duh kuuusuumooo....puspooo...luluttt....
@BambangSulanjari
@BambangSulanjari Год назад
Menika sekar ageng puspa lulut mbokmenawi...
@soeparnoprawiroatmojo3074
@soeparnoprawiroatmojo3074 Год назад
Luaaaar biasa, matur nuwun sanget Bp. Bambang, sampun dipun sembadani yasan mirunggan saking Salatiga. Tumuli Enggal Kula gladhi kagem mapag Wisudhan bergada XVII ing Salatiga, benjang ingvwuksn Nopember. Mugi hadamel saya wibawaning pasamuan ......nuwun...matur nuwun.
@BambangSulanjari
@BambangSulanjari Год назад
Inggih Bapa, kula tengga
@tarmanirfandy3263
@tarmanirfandy3263 Год назад
Wilujeng bapa Bambang
@BambangSulanjari
@BambangSulanjari Год назад
Alhamdulillah sehat Mas Tarman...
@nurjati6581
@nurjati6581 Год назад
Rahayu romo ikut gabung nur purbalingga🙏
@BambangSulanjari
@BambangSulanjari Год назад
Rahayu... Inggih, remen sanget...
Далее
SINOM MEMETRI SLENDRO SANGA
15:02
Просмотров 845
O’zim bilib ketvotudima😅
01:00
Просмотров 649 тыс.
Asmaradana Semarangan
18:13
Просмотров 16 тыс.
panembromo
57:18
Просмотров 9 тыс.
Cocok Untuk Acara Resepsi || Tembang Rindik Karya Edi Bud
1:09:25
BOWO SESIDHEMAN, DHANDHANGGULA SLENDRO SANGA
12:49
Просмотров 48 тыс.